Cari Blog Ini

Rabu, 01 Desember 2021

Ajaran Moral R.M.P. Sosrokartono

 

Ajaran moral Raden Mas Panji Sosrokartono (kakak kandung R.A. Kartini):


Anglurug tanpa bala, tanpa gaman;

Ambedah tanpa parang, tanpa pedang;

Menang tanpa mejahi, tanpa anyakiti;

Yen unggul, sujud bhakti marang sesami.

 

Durung menang yen durung wani kalah;

Durung unggul yen durung wani asor;

Durung gedhe yen durung ngaku cilik.

 

Angluhuraken bangsa kita, tegesipun:

Anyebar wineh biji Jawi,

Gampilaken margining bangsa,

Ngupaya papan panggesangan,

 

Sinau basa, tegesipun sinau bangsa;

Sinau melu susah, melu lara;

Tegesipun sinau ngudi raos lan batos;

Sinau ngudi kamanungsan.

 

Murid gurune pribadi;

Guru muride pribadi;

Pamulangane sengsarane sesami;

Ganjarane, ayu lan arume sesami.

 

Anggelar pemandeng tegesipun angringkes pemantheng;

Ambuka netra, tegesipun anutupo netra;

Angukuh kabeh, tegesipun anyandhak siji.

 

Sumber: 

Muhammad Muhibuddin, R.M.P Sosrokartono, Kisah Hidup dan Ajaran-ajarannya, Araska, Yogyakarta, 2019.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ditunggu komentar Anda!